Sebuah cerpen Bahasa Jawa


MALING KANG BUDIMAN
oleh: ibu Wiwik 

Ing dusun Bandungan ono wong kang sugeh banget yaiku Pak Dirna. Uripe Pak Dirna sarwo kacukupan. Omahe gedhe lan mewah, sawahe ombo,lan mobile ora mung duwe siji, ananging dheweke ora duwe keluarga. Wis rong taun garwane lan putrane wis ngadep marang Gusti Allah,amargo kecelakaan.
Sakiki pak Dirna leleranan,sing ngrumat yaiku pembaantune. Saben esuk nganthi sore pak Marta lan bu Marta nyambut gawe ing kono.Ananging yen bengi pak Dirno mung dhewe.
###
Keluargane Zami termasuk ora duwe. Zami pemuda kang sregep lan berbakti marang wong tuane. Zami dadi tulang punggung keluarga.Dheweke kedhu nguripi ibune lan adhi-adhine kang cacahe ana 2 ,kabeh igeh sekolah.Dheweke mung kerja dadi buruh sawah amerga mung lulusan SD. Salah siji adhine arep mlebu ing SMP.Dheweke bingung amerga ora duwe  biaya kanggo nyekolahe.
Saking bingunge dheweke duwe niat arep ngrampok. Dheweke mikiir-mikir omah sing endi kanga rep dibobol. Trus dheweke mutusake yen arep ngrampok ing omahe pak Dirna.


###
Mbengine,Zami siap-siap. Tanpa piker dawa  dheweke mangkat  menuju omah kang wis ditentoake mau. Sak tekane ing latar ,dheweke clingukan masteake yen ora ono wong liya.Sakwise dirasa aman dheweke langsung ngubengi omah mau . San wis entuk cendela kang bias dibuka dheweke banjur mlebu. Ing njero dheweke milih – milih barang kang bias digawa lan larang regane.

Sakwise entuk barang kang dipilih dheweke banjur metu. Ananging sakdurunge tekan cendele, dheweke krungu suara watuk-watuk. Zami matung,suara watuk mau wis ilang. Dheweke mlangkah arep metu,urung sida metu dheweke krungu suara pecah. Dhewekw kaget,amerga penasaran dheweke ndelehake barabg ma uterus laku nggoleki asal suara mau.
Dheweke bukak kamar kang diyakini yen suara mau saka kono.Dheweke kaget,amerga weroh pak Dirna wis ana ing njubin semaput.
“ Pak,pak”suara Zami lirih,ananging ora ana reaksi saka pak Dirna.
Dheweke bingung arep nulungi utawa neruske niate mau.Sakwise mikir suwe ,dheweke sadar yen nulung luwih penting.
Zami banjur nggawa pak Dirna menyang rumahsakit. Pak Dirna wis sadar,dheweke pengen ketamu marang Zami,ananging Zami wis lunga.
###
Pak Dirna wis sehat maneh, dheweke nggoleki omahe Zami. Saktekane ing omahe Zami lan ketemu marang Zami,dheweke maturnuwun marang Zami amarga wis nulungi lan nggawa dheweke eng rumah sakit. Ing wektu kuwi Zami nyeritaake kedadean dheweke ono ing omahe pak Dirna. Zami ngrasa bersalah lan njaluk pangapura. Dheweke njaluk yen dheweke aja dilaporake polisi.
Pak Dirna ora nyalahake Zami, dheweke malah nawari yen Zami arep di angkat putra lan arep mbiayani kebutuhan keluargane. Zami kaget ananging neng atine ngrasaake seneng lan lega. Zami bersyukur marang kanikmatan kang dheweke tampa.

0 komentar:

Posting Komentar