Sebuah cerpen Bahasa Jawa



Slendang Biru Ajaib


kalian Wiwin Sholikhah 

       Jam siji wayahe boca-bocah padha bali sekolah. Kayata biasane Rini siswa SMP kelas IX uga banjur bali ana ing ngomah. Ing dina iku Rini mung bali dhewe amarga konco-kanca sing biasane diajak bareng nalika anggone mulih lagi padha les komputer jatah saben kelas.
       Kanthi rasa sayah, Rini mulih mung dhewe nglewati trotoar-trotoar dalan sing gresang sinambi kapenteng panase srengenge. Ora sadar Rini nduweni rasa kepingen arep tuku wedang yaiku ngrasakake segere es campur ing wayah awan ing ngisor panase srengenge.” Wah mesti seger tenan yo panas-panas ngombe es campur”. Ngono anggone Rini ndleming sinambi mbayangake. Ananging Rini banjor kaget nduweni mangkono amarga dheweke wis kelingen, yen dina iku dheweke poso nglakoni tugas agama ing wulan ramadhan. Banjur Rini nerusake anggone mlaku sinambi nahan hawa napsu sing mangkono mau.
       Ing tengah dalan wiwit Rini mlaku, ora sadar dheweke ngidak slendang warna biru sing apik lan endah banget, banjur Rini jupuk lan disawang kanthi tenanan slendang biru mau. Rini noleh kiwa tengen uga ngarep mburi nanging ora ana uwong, dalane sepi banget lan ora ana wong sing bingung nggoleki slendang biru iku. Banjur Rini gogok ing pinggir dalan sinambi nggawa slendang biru mau.

       Rini penasaran kepingin nganggo slendang mau amarga warnane apik lan endah banget. Akhire Rini nganggo slendang mau, ananging dheweke malah kaget kanthi rasa gumun amarga slendang iku ndadekake rasa ing awake Rini sing kesel, ngelak lan lemes mau dadi ilang, banjur Rini sehat uga semangat maneh.” Wah slendang iki pancen ajaib aku dadi ra lemes maneh”, ngono anggone Rini kaget. Rini seneng banget banjur nduweni pikiran arep di gowo slendang biru mau lan uga disimpen. Wektu arep dicopot slendang mau malah tiba. Banjur Rini noleh arep njupuk, ananging Rini malah kaget sinambi njerit amarga slendang biru mau wis ora ana utawa ilang. Rini nggoleki ana ing panggonan liyan ananging slendange tetep wae ora ketemu. Banjur Rini mulih kanthi rasa susah amarga kelangan slendang biru ajaib sing ditemu mau.
       Turut dalan Rini igeh bingung,”kok isoh yo slendang mau ilang, padahal ora ana uwong sing njupuk”, ngono anggone Rini sambat kanthi rupa bingung lan linglung banget. Ra suwe anggone mlaku, Rini wis tekan ing ngomah. Dheweke banjur mlebu lan ngucapake salam kanggo ibune.
“Assalamu’alaikum bu”
“ Wa’alaikum salam, kadengaren kok mung mulih dhewe nduk,ora bareng Desi po?”
“Mboten bu, amargi kelasipun Desi wonten les computer dinten niki”
“Oh ngono, yo wis kono lek salin banjur leren supaya ora kesel”
“ Inggih bu”
       Rini mlebu kamar, ananging ing kamar Rini igeh terus mikirake slendang biru mau. Dheweke tambah bingung lan dadi buyer. Amarga Rini wis kesel slendang mau dheweke mutusake arep nglalekake slendang mau.
“Ah, yo uwis lah slendang mau lak wis ilang to napa maneh tak pikirake, nggawe bingung wae”
       Rini banjur mbukak lemari njupuk klambi kanggo salin amargo sragame isih dinggo sesuk. Rini njupuk klambi nduwur dhewe, ananging sing dijupuk ora entuk kaos utawa rok ananging malah slendang biru sing ilang mau. Rini kaget banjur njerit sero.
“A………h, loh kok slendange ana ning kene yo”
“Ana apa nduk? ” saut ibune.
“Mboten napa-napa bu!, loh aneh banget we kok isoh yo slendang iki ning kene padahal lak mau ilang to? berarti iki slendang pancen ajaib”, gumrenge Rini
       Ananging Rini oro arep nyeritakake masalah iki karo wong liyan amargo mesti ora pada percaya lan engko ndak dheweke malah digeguyu. Kanthi rasa seneng banjur slendang mau di simpen karo Rini tujuane supaya ora ilang maneh.

0 komentar:

Posting Komentar